Contoh Klipping tentang teks pelapuran asil observasi

PELAPURAN KEGIYATAN PENYULUHAN SAMPAH ORGANIK ING SMPN 20 MALANG

PURWAKA
Dhasare Panemu
Sampah yaiku bahan lan barang kang awujud sisa saka kegiyatan manungsa sabendinane. Sampah diperang dadi loro, yaiku sampah anorganik lan sampah organik. Sampah anorganik yaiku sampah sing angel utawa ora  bisa diuraino. Sampah organik yaiku sampah sing gampang utawa bisa diuraino. Sampah anorganik nduweni pangaribawa negatif sing luwih berbahaya saka panagribawa negatif sampah organik. Amarga sifat sampah anorganik sing angel diuraino, jumlahe sing terus-terusan nambah, ora bisa dikendaleake dening alam. Sampah organik iku biasane saka bahan-bahan alam. Tuladhane, saka kulit buah, uwoh pawon lan liya-liyane sing asalae saka alam. Penyuluhan sampah iki diadakake amarga isih akeh siswa kelas 7 lan 8 mbuwang sampah sembarangan. Lan kanggo nambah rasa kapedulian siswa marang lingkungan.

Ancas Kegiyatan

  • Nuwuhake kapedulian siswa kelas 7 lan 8 marang pentinge njaga keresikan lingkungan
  • Minangka wujud kapedulian marang lingkungan
  • Mupukake rasa tanggung jawab, budi pekerti sing becik, lan nambah kreativitas
  • Nepungake siswa cara nggawe pupuk kompos



ISI 
Jeneng kegiyatan      : Penyuluhan Sampah Organik ing SMPN 20 Malang
Peserta           : siswa SMPN 20 Malang kelas 7 lan 8. Kang dipilah dadi 10 kelompok
  • 30 pendamping saka OSIS
  • 5 saka pokja kompos 
  • 10 bapak/ibu guru 
Wektu          : Selasa-Rebo, 14 Maret 2017
Jam                           : 08.00-14.30 WIB
Rantatan Acara   :Selasa, 14 Maret 2017

  • Apel pambuka kegiyatan penyuluhan sampah organik
  • Pembagian kelompok
  • Tetepungan  kakak pendamping 
  • Penyuluhan sampah organik
  • Istirahat
  • Sholat dhuhur
  • Rabu, 15 maret 2017
  • Apel 
  • Penyuluhan sampah organik lan cara nggawe kompos
  • Nggawe kompos ing omah kompos SMP 20 Malang
  • Rembugan kelompok lan pendamping
  • Sholat dhuhur
  • Presentasi hasil kerja 



PANUTUP
Kegiyatan penyuluhan sampah organic ing SMP 20 taun pelajaran 2016/2017 wis kaleksanan kanthi tertib lan lancar. Mugo-mugo kanthi diadhakake penyuluhan sampah organic bisa nggawa pangaribawa sing becik tumrap sakabehe para siswa, mligine siswa kelas 7 lan 8.



Malang, 17 Maret 2017


Ketua Panitia
Diva Alfiah

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi PJOK: Bola Besar (Bola Voli, Bola Basket, Sepak Bola)

Materi PJOK / Olahraga : Bola Kecil (Tenis Meja, Bulutangkis)

Makalah tentang Reaksi Obat CDR Terhadap Lampu Lava